Saturday, October 16, 2010

Tugu Yogjakarta

Kulo sareng konco konco, kabeh tiang Tapanuli - wong podo ngertine yo wong Batak - ono sewa omah lore Tugu, lore Jetisharjo ndeso Petinggen, adoh saking kuto, taksih ijo royo royo, kulone omah taksih ono sawah karo wit sing gede gede. Tonggo tonggone rukun, ora tau padu, ora ono sing cekakan bengok bengok sadurunge wong Batake teko.

Omahe model limas, mlebu ngisore lawang mesti nunduk, ben sopo sing teko kudu kulonuwun ndisek, mrunduk sirahe,  koyo ngono adate hormat karo sing luwih tuwo

                                                                                      Rumah limas

Koncoku kabeh, nek ora masak dewe dewe, yo lunga tuku neng warung, ning  kulo mawon sing ditompo indekost mangan neng omahe pak Selamet, pak RT, sing persis ngarepe omahku.. Sadino mangan ping telu, esuk esuk, awan karo wengi.

Nganggo sarapan, Ibu Slamet nuku saking  si mbok neng pinggir dalan gede, gudeg nongko, pitik suwir suwir karo krecek lembut kuning, saking kulite kebo campur meneh karo awu saking montor sing sliweran..

Mulano kuwi,  tekan saiki, kulo taksih doyan karo panganan gudeg, opo maneh jenenge krecek, kulo mesti tanduk. Nek ono gawean dinas opo keperluan liane lungo neng Yogjakarta, kulo  mesti maMpir  leyeh leyeh,
lesehan nganggu tikar ing Malioboro.

Anake pak RT ono papat, sing mbarep dewe wedok, ayu jen ireng manis, taksih nom banget, bocah  kelas telu SMP, saban mangan ngancani aku  karo adike wedok. Gedene meh podo, karo mbakyu ne,. Sing mbarep nek njaluk nganter numpak pit  opo mbecak neng sekolah kulo senang banget, sak minggu ping piro. Ibu ne ngerti  banget, kudu ono opo opo anake karo aku, neng omah sinau wong loro, sinau opo ora, pokoke neng mejo akeh buku. Sinau opo dolanan, Ibune ora ngerti babar pisan
Univ. Gajahmada, Bulaksumur


Kulo kelingan menopo dino 30 September 1965 awake dewe, kulo lan si Nur lungo nonton neng Bioskop Ratih ono Tugu Selatan. Bubare jam songo bengi. Tekan ngarepe omah, Bapake  bengok bengok, nesu nakon: "saking endi wae kowe nduk"' jarene, tangane narik tangan anake. Kulo heran, ono opo toh iki. Urung nate pak Slamet kasar koyo kuwi.

"Mlebu, mlebu.", jarene, kulo urung nakon sapisan, Bapake nambahi :"Iki ono pemberontakan PKI, rungokno Radio", jare pak RT. Aku karo konco konco gotong Radio neng jobo, kabe  saling takon sambil rungokke para jendral dipateni. Tekan esuk, kabe ora ono sing turu, rungokke Radio RRI Jakarta. opo ono warta sing anyar.

Rong pulu taon, ing taon 1998 menopo kulo dadi Kepala Bank BRI ono Kudus, Jawa Tengah, ono siji  Staf anyar, wong Yogjakarta, ngertos banget sopo Pak Slamet karo anake Nur, biyen  tonggone neng Deso  Petinggen,  ning saiki ora ngerti neng endi omah Nur anake Pak Slamet.

Iki crito kulo serat jalaran ono janji karo konco wong Jowo, janjine arep nulis crito ing bahasa nggonku, bahasa Batak lan aku dikon nulis ing boso Jowo. Ora ngerti i ngarang kromo inggil  iku angel banget, aku ora  iso. Dekne ngangsuli arep nulis ning arep takoni sek karo Ibu mertuo, dadi njalok wektune ojo kesusu, njalok sak sasi.

Kulo ngenteni tekan saiki koncoku sing arep ngarang ing basa Batak ora teko teko, kulo ora iso ngenteni mene, ya sa onone, kulo pos wae. Mangke kulo nambahi mene sisan di edit.
Kulo nuwun pangapunten, mbok menowo ono sing kabablasan, kulo malah ngenteni editan saking panjenengan sedoyo. Matur sembah nuwun.


 






.

0 Comments:

Post a Comment



Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

FREE HOT VIDEO | HOT GIRL GALERRY